Saturday, May 28, 2011

Wong Jawa

Wong Jawa utawa Suku bangsa Jawa iku sawijining suku bangsa utawa kelompok ètnis sing asalé saka Pulo Jawa bagéyan tengah lan kulon. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé saka pulo Jawa lan utamané ing provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Ananging ing provinsi Jawa Kulon uga akèh tinemu Suku Jawa, utamané ing Kabupatèn Indramayu lan Cirebon sing mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa sing migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ing Banten lan uga ing Jakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané suku Jawa baku, ana uga subsuku Osing lan Tengger.

Basa
Suku bangsa Jawa sebagéan gedhé migunakaké basa Jawa kanggo wicara sadina-dina. Jroning sawijining polling sing dianakaké majalah Tempo ing wiwitan dasawarsa 1990-an, kurang luwih mung 12% wong Jawa sing migunakaké basa Indonesia kanggo sadina-dina, watara 18% migunakaké basa Jawa lan Indonesia sacara campur lan saluwihé nganggo basa Jawa.
Basa Jawa nduwèni aturan sing mbédakaké cara migunakaké tetembungan miturut tataran adhedhasar hubungan antara pawicara lan sapa sing diajak wicara. Aturan iki dikenal minangka undha-usuk basa. Aspèk bebasan iki nduwèni pangaruh sosial sing kuwat jroning budaya Jawa, lan anané kasadaran bab status sosial ing masarakat.

Seni
Wong Jawa misuwur nduwèni budaya seni utamané dipengaruhi déning agama Hindu-Buddha, yaiku pamentasan wayang. Repertoar carita wayang utawa lakon sebagéan gedhé adhedhasar wiracarita Ramayana lan Mahabharata. Ananging ana uga pangaruh saka agama Islam lan Donya Kulon.

Stereotipe wong Jawa
Wong Jawa nduwèni stereotipe minangka sukubangsa sing sopan lan alus.[1] Ananging uga misuwur minangka sukubangsa sing katutup lan ora gelem blaka suta.

taken from:
Posted under real circumstance, source will be published and will not claimed as its own writing

0 comments: